Bahasa Jawa kelas 12 semester 2 Bab Tembang Macapat
Sekar macapat cacahipun wonten 11 Maskumambang = Sekar punika nggambaraken jabang bayi ingkang taksih wonten padaran/ kandhutanipun ibunipun, ingkang dereng kamangertosan jaler punapa estri. Mijil = Tembung punika tegesipun sampun miyos/ lair lan sampun cetha jaler utawa estri. Sinom = Tegesipun kanoman/ nem-neman, minangka kalodhangan ingkang paling wigati tumraripun tiyang nem supados saged ngangsu kawruh sak kathah-kathahipun. Kinanti = Saking tembang kanthi utawa tuntun ingkang tegesipun dipun tuntun supados saged mlampah ngambah pagesangan teng alam ndonya. Asmaradana = Tresna dateng sanes (kakung lan estri lan kosok wangsulipun) ingkang sedaya wau samoun dados kodrat Ilahi. Gambuh = Kakung lan estri dipun gathukaken ingkang sami nggandhahi raos tresna wau, teng pangangkah supados saged gesang bebrayan. Dhandhanggula = Gesangipun tiyang ingkang saweg remen-remenipun, punapa ingkang dipum gayuh saged kasembadan. Durma = Tiyang menawi samoun rumaos kecakepan gesangipun. ...