Bahasa Jawa kelas 12 semester 2 Bab Tembang Macapat

Sekar macapat cacahipun wonten 11


  1. Maskumambang = Sekar punika nggambaraken jabang bayi ingkang taksih wonten padaran/ kandhutanipun ibunipun, ingkang dereng kamangertosan jaler punapa estri.
  2. Mijil = Tembung punika tegesipun sampun miyos/ lair lan sampun cetha jaler utawa estri.
  3. Sinom = Tegesipun kanoman/ nem-neman, minangka kalodhangan ingkang paling wigati tumraripun tiyang nem supados saged ngangsu kawruh sak kathah-kathahipun.
  4. Kinanti = Saking tembang kanthi utawa tuntun ingkang tegesipun dipun tuntun supados saged mlampah ngambah pagesangan teng alam ndonya.
  5. Asmaradana = Tresna dateng sanes (kakung lan estri lan kosok wangsulipun) ingkang sedaya wau samoun dados kodrat Ilahi.
  6. Gambuh = Kakung lan estri dipun gathukaken ingkang sami nggandhahi raos tresna wau, teng pangangkah supados saged gesang bebrayan.
  7. Dhandhanggula = Gesangipun tiyang ingkang saweg remen-remenipun, punapa ingkang dipum gayuh saged kasembadan.
  8. Durma = Tiyang menawi samoun rumaos kecakepan gesangipun.
  9. Pangkur = Nyingkiri hawa nepsu angkara murka.
  10. Megatruh = Sampun titi wacanipun katimbalan marak sowan dateng ingkang Maha Kuwaos.
  11. Pocung = Menawi samoun dados layon lajeng dipun bungkus mori petak utawi dipun pocong sak derengipun dipun sarekaken.

Komentar